Ass
Wr. Wb
Nuwun
Ingkang kinurmatan panjenenganipun Bapak Djoko Sutarno
ingkang jumeneng silih salira panjenenganipun Bapak Mulyono, SH sarimbit
Kulo ingkang kapatah dados talang basanipun Bapak Drs.
Priyanto sakulowargo, keparenga kulo memuji dumateng Gusti ingkang murbeng
dumadi, mugi kulo panjenengan sedoyo tansah pinayungan ing karahayon.
Salajengipun ingkang sepisan, kulo keparengo
ngaturaken sugeng rawuh dumateng Bapak Mulyono sakulowargo ingkang kerso rawuh
wonten dalemipun Bapak Priyanto atur salam taklim saking pajenenganipun Bapak
Mulyono sarimbit katur dumateng Bapak Priyanto sampun kulo tampi kanti ing
mangke bade kulo aturaken dumateng ngarsanipun Bapak Priyanto.
Mboten kantun salam taklim saking Bapak Priyanto mugi
keparengo kaaturaken dumateng Bapak Mulyono sakulowargo.
Ingkang kaping kalih, menggah ngengingi atur
panjenengan kautus Bapak Mulyono nglamar putro putrinipun Bapak Ibu Priyanto
ingkang sesilih nimas Stella Ratri Pratiswari ingkang bade dipun pundut mantu
kadaopaken kalian putro Bapak Ibu Mulyono ingkang sesilih anak mas Candra Tri
Mardani, satuhu damel renaning manah kulo.
Awit saking puniko, amargi kadosipun poro putro Mba
Ella kalian Mas Candra sampun ketingal cocok, sami gambuh manahipun, pramilo
kulo ingkang kapasrahan paring wangsulan, Bapak Ibu Priyanto kepareng nampi
penglamar panjenengan.
Jangkep kaping tigo, Bapak Ibu Mulyono sakulowargo
ingkang tansah pinaringan karahayon, mbok bilih anggen kawulo nampi rawuh
panjenengan sak rombongan kirang toto lan trapsila saha ndadosaken kirang
renaning penggalih, Bapak Ibu Priyanto nyuwun dumateng panjenengan sadoyo kerso
paring gunging samudro pangaksomo.
Bapak Djoko Sutarno ingkang minulyo awit saking atur
panjenengan ingkang ngersakaken peningset / kekancingan kangge Nimas Ella lan
Mas Candra. Bapak Ibu Priyanto sarujuk lan ugi mangestoni lan sagedo ndadosaken
tambahing silaturahim kulowargo lan poro putro. Amin.
PAMIT
Bapak Djoko, Bapak Mulyono sarimbit soho kulowargo
sadoyo awit saking sampun paripurnaning upocoro lamaran lan ugi saking aturipun
Bapak Djoko bade kundur, Bapak Priyanto sakulowargo ngaturaken sungeng kundur,
pinaringano lancar lan kalis saking rubeda. Amin.
Mugi-mugi kito sagedo pinanggih malih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar